Persiapan perang

Komune Paris (basa Prancis: La Commune de Paris) ya iku sajarah singkat pertama pamberontakan sosialis kelas buruh kang ana ing dunya.[1] Komune Paris wujud salah sijiné tuladha papréntahan pertama kang dikuwasai déning kelas buruh.[1] Sakwéné 72 dina kelas buruh nguwasani papréntahan kutha Paris.[1] Sanajan ora suwi, Komune Paris dadi salah sijiné perkembangan kang potensial banget kanggo perjuangan para buruh, kang mènèhi tuladha positif utawa négatif babagan kepriyé awaké dhéwé yasa salah sijiné masarakat sosialis.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Komune mbuktèkaké dayaning para pekerja kanggo jikuk alih kekuwasan papréntahan kanthi demokratis lan kolektif guna kepentingan rakyat wujud masarakat kang ora nduwé, masarakat buruh utawa masarakat kang kaaniyaya.[2] Komune dadi salah sijiné tuladha ing ngendi kaum buruh ngatonaké kekendelané, akal lan kréativitasé.[2]

Sadurungé taun 1870 Prancis dikuwasai sak wéné 20 taun déning Louis Napoleon, pawongan tiran badut kang duwé panggayuh nguripaké manèh kejayaan pakliké, Napoleon Buonaparte.[3] Si badut kang jenengi awaké dhéwé Napoleon III iku, ngetuai salah sijiné rèzim kang korup lan represif kanti jeneng Kamaharajan kaloro.[2]

Kaisar iki nglakokakè pira-pira perang, nanging nalika ngadepi nagara Jerman kang kabawah Otto von Bismark, dèwèké ngalami kekalahan.[2] Tentara Prancis digawé kocar-kacir amung nganggo itungan dina lan si Napoleon III dicekel.[2] Banjur diwangun “Pamaréntah Pambéla Bangsa” kang kabawah Adolphe Thiers kanti tujuan ngrampungaké perang sakcepeté sarta njaga ketentreman ing ngisoré kekuwasaan borjuis.[2]

Nanging kaum buruh Paris duwé rencana liya.[2] Wektu iku Paris dikepung déning bala Jerman lan dibélani déning Garda Nasional kang isiné para buruh kang diwènèhi sanjata.[2] Rakyat buruh Paris wis marisi tradisi perjuangan lan radikalisme kang kuwat saka Révolusi Prancis taun 1789.[2] Tradisi iku nuladhani perjuangan dèwèké nalika taun 1870.[2]

Pamaréntah Thiers kang markasé ana ing Versailles, rodok adoh saka Paris supaya slamet saka kaum buruh, nyerah marang Jerman ing wulan Januari taun 1871.[2] Ora amung amarga bala Prancis kentèkan tenaga, nanging uga amarga Thiers sak balané ngrasa wedi karo semangaté kaum buruh ing Paris.[2] Kanggo dèwèké, tugas utama ya iku ngalahaké kaum buruh.[2]

Nalika tanggal 18 Maret, Thiers ngirimaké wadyabala marang Paris kang dipimpinan Jendral Lecomte kanggo ngrebut meriam-meriam Garda Nasional, minangka langkah pertama sajeroning upaya njaluk sekabèhané senjata rakyat pekerja.[2] Pasukan iku uga dijurung déning pulisi.[2]

Nanging rencana iku ora kasil.[2] Para buruh kang dipimpim déning para wadon, rikat-rikat mbéla meriam-meriam iku sinambi kekancan karo bala cilik, nganti bala iku ora manut manèh déning perintah komandané.[2] Kerep Lecomte ngakon bala iku supaya nembak nanging para bala iku nolak lan akhiré ngguwak senjatané.[2] Sebagiyan malah mbéla para buruh, sapérangan liya ngunduraké awaké dhéwé minangka dai bala.[2] Diana iku uga, Komité Pusat saka Garda Nasional deklarasikaké salah sijiné republik.[2]

Dèwèké nerapaké reformasi ing babagan perburuhan, pulitik lan urusan sosial, kaya ta pemisahan antarané agama lan nagara, perturan jam-jam kerja, administrasi dmokratis déning para karyawan ing kampung-kampung, hak-hak sipil kanggo para wong jaba, demokratisasi pendhidhikan lan papan panggonan kanggo pengasuhan anak.[2] Sekabèhané iki dilakokaké sajeroning kaanan kang darurat nalika Paris dikepung lan ngalami paceklik.[2]

Prastawa Penting

[besut | besut sumber]

Taun 1870

[besut | besut sumber]

Taun 1871

[besut | besut sumber]

Gladri

[besut | besut sumber]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d 1871: The Paris Commune, (Kaunduh 26 Maret 2013).
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v Komune Paris, (Kaunduh 5/April/2013).
  3. the paris commune, (Kaundhuh 6 April 2013).
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar KILASAN SEJARAH PERANG SIPIL DI PRANCIS, (Kaunduh 9/April/2013).
  5. Pelajaran-pelajaran Komune Paris , (Kaundhuh 24 April 2013).