Komputer Analog inggih punika wastanan ingkang dipun-ginakaken kanggé nggambaraken piranti penghitung ingkang makaryan ing level analog. Level analog punika lawan(dual) level digital, level digital punika teganganipun ageng saha alit, ingkang dipun-ginakaken wonten ing implementasi bilangan biner. Sacara mendasar komponèn elektronik kang dipun-ginakaken kanggé inti saking komputer analog punika op-amp operational amplifier. Komputer analog ugi asring dipunwastani minangka komputer kang ngolah data dhedhasar sinyal kang asipat kualitatif, utawi sinyal analog, kanggé ngukur variabel-variabel kados déné voltase, cepeting swanten, resistansi udara, suhu, pengukuran lindhu, lsp. Komputer punika limrahipun dipun-ginakaken kanggé mresentasikaken kadadéan kados déné termometer, radar, kakuwatan cahya, lsp.[1]
komputer punika dipun-ginakaken kanggé ngecèk suhu, penghitung aliran BBM ing SPBU, ngukur kakuwatan cahya,lsp.
komputer analog asring dipun-ginakaken ing pengendalian indhustri kimia, pembangkit listrik, penyulingan lenga, utawi rumah sakit kanggé ngamati denyut jantung. Output ingkang dipunkasilaken limrahipun wonten ing wujud grafik.[4]. Komputer analog ugi kathah dipun-ginakaken kanggé kagiyatan ilmiyah.[5]