Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Komisi Nasional Hak Asasi Manusia utawi ingkang asring dipuncekak Komnas HAM inggih punikaslah satunggaling lembaga mandhiri ing Indonésia ingkang kedhudhukanipun sak tingkat kaliyan lembaga nagara sanèsipun ingkan gadhah fungsi kanggé nindakaken kajian, perlindhungan, panaliten, penyuluhan, pemantauan, investigasi, lan mediasi dhateng prakawis-prakawis ingkang ngengingi hak asasi manungsa. Komisi punika madeg ing taun 1993 dhedhasar Dudutan Présidhèn Nomor 50 Tahun 1993, ngèngingi Komisi Nasional Hak Asasi Manusia. Komnas HAM gadhah kelengkapan ingkang kapérang saking Sidang paripurna lan sub komisi. Kajawi punika, Komnas HAM gadhah Sekretariat Jenderal minangka unsur pelayanan. Ing wekdal sapunika, Komnas HAM dipunpandhegani déning Ifdhal Kasim.[1]
Ngrembakakaken kaanan ingkang kondusif kanggé nindakaken hak asasi manungsa kados ingkang sampun kaserat wonten ing Pancasila, UUD 1945, lan Piagam PBB saha Deklarasi Universal Hak Asasi Manusia.
Ningkataken perlindhungan lan negakaken hak asasi manungsa kanggé ngrembakakaken pribadi manungsa Indonésia kanthi wetah lan kaprigelanipun nindakaken partispasi wonten ing sapérangan babagan pagesangan.
Ningkatken tata cara makarya Komnas HAM dados lembaga ingkang propesional, gadhah wibawa, lan dipunpitados déning masarakat ing tingkat lokal, nasional, lan internasional.
Nyipta kaanan ingkang kondusip kanggé mujudaken perlindhungan lan negakaken HAM kanggé ngrembakakaken pribadi manungsa Indonésia ingkang wetah wonten ing masarakat ingkang kaintegrasi supados saged partisipasi ing manéka warna babagan pagesangan.
Ngrembakakaken jaringan kerja sama kanthi nyepeng kapintengan stakeholders kanggé nglindhungi lan negakaken HAM.
Kangge nindakaken fungsi, tugas, lan wewenangipun kanggé nggayuh punapa ingkang dados ancasipun Komnas HAM ngginakaken acuan instrumen- instrumen ingkang gayut kaliyan HAM, saking punika ing tingkat nasional utawi internasional.
Instrumen nasional:
UUD 1945 beserta amendemennya;
Tap MPR No. XVII/MPR/1998;
UU No 39 Tahun 1999 Tentang Hak Asasi Manusia;
UU No 26 taun 2000 Tentang Pengadilan HAM;
UU No 40 Tahun 2008 Tentang Penghapusan Diskriminasi Ras dan Etnis;
Peraturan perundang-undangan nasional lain yang terkait.
Keppres No. 50 taun 1993 Tentang Komnas HAM.
Keppres No. 181 taun 1998 Tentang Komnas Anti kekerasan terhadap Perempuan
Instrumen Internasional:
Piagam PBB, 1945;
Deklarasi Universal HAM 1948;
Instrumen internasional sanèsipun ngengingi HAM ingkang sampun dipunsahaken lan dipuntampi déning Indonésia.
[2] Ing tanggal 7 Juni1993, Présidhèn Republik Indonesia ing wekdal punika, inggih Soeharto, kanthi wontenipun Dudutan Présidhèn No. 50 Tahun 1993, mbentuk Komisi Nasional Hak Asasi Manusia (Komnas HAM) lan ing wekdal ingkang sami, nunjuk pensiunan Mahkamah Agung RI, Ali Said kanggé nyusun komisi kasebat lan milih parra angotanipun. Dudutan Présidhèn punika inggih wujud tindak lanjut saking rekomendasi Lokakarya ngengingi Hak Asasi Manungsa ingkang dipunwiwiti déning Departemen Luar Negeri RI lan PBB ingakng dipunadani ing Jakarta tanggal 22 Januari1991. Lan salajengipun, ing tanggal 7 Dhésèmber1993, pikantuk 25 nama ingkang sedayanipun inggih figur nasional lan dipuntunjuk dados anggota Komnas HAM. Adhedhasar Keppres No. 455/M Tahun 1993, ke-25 nama kasebat inggih punika: