Gambar kilang lenga Shell/Valero Martinez

Kilang lenga (oil refinery) inggih punika pabrik utawi fasilitas indhustri ingkang ngolah lenga mentah dados kasil petroleum ingkang padatanipun langsung dipun-ginakaken ugi ing kasil-kasil sanès ingkang dados bahan baken kanggé indhustri petrokimia.[1] Kasil-kasil utama ingkang dipunkasilaken saking kilang lenga inggih punika kados ta: lenga bènsin (gasoline), lenga diesel, lenga patra (kerosene). Kilang lenga minangka fasilitas indhustri ingkang jangkep sanget mawi manéka warni piranti prosès lan fasilitas panyengkuyungipun. Kajawi punika, yasa kilang lenga ugi mbetahaken biaya ingkang ageng sanget.

Prosès Operasi ing salebeting Kilang Lenga

[besut | besut sumber]

Lenga mentah ingkang nembé dipompa dhumateng njawi saking siti lan dèrèng dipunprosès padatanipun dèreng gadhah kaginan ingkang wigati. Supados saged langkung migunani, lenga mentah kasebat kedah dipunprosès rumiyin ing salebeting kilang lenga. Lengan mentah punika campuran ingkang jangkep sanget ingkang kasusun saking senyawa hidrokarbon. Ing salebeting kilang lenga, lenga mentah kasebat badhé ngalami sawatawis prosèsingkang saged andamel murni ugi ngéwahi struktur lan komposisinipun, saéngga angsal kasil ingkang langkung migunani.

Prosès ing salebeting kilang lenga punika saged dipunpantha dados 5 golongan, inggih punika: Distilasi, Konversi, Prosès Pengolahan, Formulasi lan pencampuran, lan prosès-prosès sanèsipun.

  • Dekomposisi mawi cara perengkahan termal lan katalis (thermal and catalytic cracking)
  • Unifikasi lumantar prosès alkilasi lan polimerisasi
  • Alterasi lumantar prosès isomerisasi lan catalytic reforming

Prosès Distilasi

[besut | besut sumber]
Gambar punika nedahaken prosès distilasi (penyulingan) lenga mentah ingkang kadadosan ing Kolom Distilasi.

Tahap ingkang wiwitan ing salebeting prosès pengilangan inggih punika wujud pross distilasi ingkang kadadosan ing salebeting Kolom Distilasi Atmosferik lan Kolom Distilasi Vacuum. Ing kalih unit prosès punika lenga mentah dipunsuling dados fraksi-fraksinipun, inggih punika gas, distilat enthèng (kados ta lenga bènsin), distilat nengah (kados ta lenga patra, lenga solar), lenga bakar (gas oil), lan residu. Pamisahan fraksi punika adhédhasar titik didih.

Kolom distilasi wujud bejana tekan silindris ingkang inggil udakawis 40 m lan ing salebetipun wonten tray-tray ingkang kaginanipun kanggé misahaken lan ngempalaken fluida panas ingkang nguap menyang inggil. Fraksi hidrokarbon abot ngempal wonten ing pérangan ngandhap kolom, sawatawis fraksi-fraksi ingkang langkung ènthèng ngempal wonten ing pérangan-pérangan kolom ingkang langkung inggil. Fraksi-fraksi hidrokarbon saking kolom distilasi punika badhé dipunprosès malih ing unit-unit prosès sanèsipun, kados ta Fluid Catalytic Cracker, lsp.

Kasil Kilang Lenga

[besut | besut sumber]

Kasil-kasil utama kilang lenga inggih punika:

Kilang Lenga ing Indonesia

[besut | besut sumber]

Ing Indonesia sawatawis kilang lenga, inggih punika:

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Kilang minyak(dipunundhuh 6 Fèbruari 2013)
  2. Minyak Bumi dan Gas Alam Archived 2012-11-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 6 Fèbruari 2013)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]