Ki Kebo Kenanga, uga jejuluk Ki Ageng Pengging, iku sawijining panguwasa ing Pengging, karajan cilik Hindhu-Buda pungkasan ing Jawa Tengah sing ndhukung Majapait.[1][2] Miturut cathetan Sajarah Banten lan Babad Tanah Jawi, dhèwèké nggenténi ramané, Pangéran Andayaningrat, sing tilar donya ing taun 1527 ing perang kanggo ndhukung Majapait nglawan Demak.[1][2] Kangmasé jenengé Ki Kebo Kanigara.[2]
Sanajan agama Islam wis wiwit dianut déning sawetara wong Pengging, sabagéyan amarga piwulang Sèh Siti Jenar, nanging Pengging tetep nulak tundhuk marang Demak.[1] Ing wiwitan taun 1530-an, Demak ngirim pasukan manèh lan kasil ngrebut Pengging, ing kana Ki Kebo Kenanga uga tiwas.[1] Wiwit kuwi Pengging dadi laladan ngisoré Demak.[1]
Sawisé Ki Kebo Kenanga sèda, putrané dirawat dèning Nyai Ageng Tingkir; jenengé Mas Karèbèt utawa Jaka Tingkir.[2] Nalika wis diwasa, dhèwèké banjur dadi panguwasa Pajang, kanthi sesebutan Sultan Hadiwijaya.[2]