Kembang kertas | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Caryophyllales |
Famili: | Nyctaginaceae |
Génus: | Bougainvillea |
Spesies | |
Bougainvillea buttiana |
Kembang kertas utawa kang populèr kanthi jeneng bugènvil (pocapan jroning basa Inggris /ˌbuːɡɨnˈvɪliə/[1] cf. bougainville; jeneng èlmiah: Bougainvillea, mligi B. glabra) ya iku salah sawijining tuwuhan hias kang populèr. Warna kembang bugenvil kang apik lan manéka warna ndadèkaké kembang kertas disenengi banget karo penggemar tuwuhan kembang. Saliyané iku, bugenvil uga gampang anggoné ngopèni.[2] Kembang Bugenvil nduwé kembang kang wernané apik lan ketel. Godhongé warnané ijo, manawa kembangé duwé warna kang manéka warna kaya ta abang, putih, kuning, lan jambon.[3]
Morfologi tuwuhan kembang kertas:
Kembang bugènvil asalé saka Brasilia, Amérika Selatan. Ahli Botani Perancis kang nemoaké kembang bugènvil ing tlatah asalé. Nalika bali menyang Perancis ahli botani mau ngentèni kapal kang dinahkodai déning Commodore Louis de Bougainvilleuise. Kanggo ngaturké rasa matur nuwun marang nahkoda, ahli botani mau banjur njenengi tuwuhan kang ditemoaké mau kanthi jeneng Bougainvile utawa Bugènvil.[2]
Kembang kertas utawa bougainville utawa bugenvil duwé rasa kang pait, kelat, lan anget. bahan bahan kimia kang kandhut ing bugenvil ing antarané betanidin, isobetanidin, 6-o-P-saphoroside, lan 6-o-rhamnosysophoroside.[5]
Efek farmakologis kembang kertas ing antarané kanggo nglancarake peredaran getih.[5] Pérangan saka tuwuhan bugenvil kang bisa digunaake kanggo obat ya iku kembang lan watange.[5] Kembang lan watang kembang bugenvil minangka dipaduake karo tuwuhan liyané bisa digunaake kanggo nambani wudun, keringet lan gatel-gatel (pruritis), Hepatitis, Haid kang ora teratur, Keputihan (leucorrhea) lan nyeri haid (dysmenorrhea), lara nalika haid lan getih haid kang kenthel, lan telat haid.[5]
Nalika nandur kembang kertas, diusahaake wit kembang ditandur ing panggonan kang kena padhangé srengéngé langsung, amarga kembang kertas luwih apik urip ing paggonan kang padhang. Srengéngé uga bisa ndadèaké kembang kertas urip subur lan kembangé rikat ketel.[3]
Kembang kertas duwé wit kang ketel, mula kudu kerep dikethoki watangé supaya wit kembangé kétok ringkes lan éndah. Yèn wit kembang rutin dikethoki uga bisa ngrangsang kembang rikat metuné.[3]
Kembang kertas uga butuh disirami banyu, nanging kudu digatèkna manawa banyuné ora perlu akèh-akèh. Yèn banyuné kakèhan bisa njalari watange gampang bosok lan wit mati. Nalika ing mangsa udan kembang kertas ora perlu disiram manèh.[3]
Nandur kembang kertas bisa dilakoni kanthi cara setek batang, cangkok, okulasi, atau wiji.[5]