Kenanga | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Magnoliales |
Famili: | Annonaceae |
Génus: | Cananga |
Spésies: | C. odorata |
Jeneng binomial | |
Cananga odorata (Lam.) Hook.f. & Thomson |
Kenanga (Canangium odoratum) iku jeneng kembang saka wit sing duwé jeneng padha.[1] Ana loro forma kenanga, ya iku Cananga odorata forma macrophylla, sing ditepungi minangka kenanga biyasa.[1] Banjur Cananga odorata forma genuina utawa kenanga Filipina, sing uga karan ''ylang-ylang''.[1] Saliyané iku isih dikenal kenanga perdu (Cananga odorata varietas fruticosa), sing akèh ditandur minangka pethètan ing plataran omah.[1] Akéh sesebutan kanggo kembang kenanga, ing basa Indonésia diarani Kenanga, ing basa Jawa darani Kenanga, Wangsa; miturut basa Sunda Kananga, miturut basa Bali Sandat kananga, Sadat wangsa; basa Acèh Selanga, basa Sasak Sandat, basa Nias Ngana-ngono; lan miturut basa Minahasa kenanga diarani Lalangiran, amok, wungurer, pum-pum, luit.[1] Kenanga uga bisa diolah dadi lenga kenanga kang ambuné wangi.[1] Kenanga (Canangium odoranatum) uga dimanfaatké kanggo bahan indhustri ''parfum'' lan kosmetik.[2] Saliyané iku kenanga uga bisa kanggo obat warna-warna lelara.[2]
Wit kenanga duwé pang kang gedhé, diameteré 0,1-0,7 mèter, kanthi umur puluhan taun.[3] Tuwuhan kenanga duwé pang kang getas nalika isih enom. Dhuwuré wit iki bisa nganti 5-20 mèter.[3] Kembang kenanga bakal metu ing pang kang panggoné pérangan dhuwur. Saben kembang ana 6 lembar godhong kanthi makutha kang warnané kuning lan ditambahi 3 lembar godhong warna ijo.[3] Susunan kembang mau majemuk karo garpu-garpu.[3] Kenanga ora kalebu tuwuhan herba.[4] Cara nengkaraké ya iku saka wiji lan wité.[4] Kang bisa dimanfaatké saka kenanga ya iku kembangé kang ngganda arum.[4]
Kembang kenanga bisa minangka obat-obatan, ing ngisor iki tuladhané:[5]
Cithakan:Bumbon crakèn