Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Kamsa

Kamsa (Sanskerta: कसं), asring dipunsebat Kans wonten basa Hindhu. Kamsa punika saduluripun Dewaki. Panjenenganipun raja wonten ing Karajan Wrisni ingkang kutha krajanipun Mathura. Ramanipun inggih punika Raja Ugrasena, Ibunipun ingkang asma Ratu Padmawati. Nanging Kamsa gadhah sipat ingkang boten saé, panjenenganipun nglengseraken ramanipun, lajeng ndadosaken piyambakipun Raja Mathura. Pramila makaten, penasehat ingkang asma Chanur, paring pangertosan supados nggarwa kalih putri Jarasanda-Raja Magadha. Kalih putri kalawau namanipun Asti kaliyan Prapti.