KB utawa Keluarga Berencana iku salah siji usaha kanggo ngukur jumlah anak lan jarak laire anak.[1] Supaya usaha iku bisa kasil mangka digawé pirang-pirang cara utawa alternatif kanggo nyegah kehamilan.[1] Cara-cara kang bisa dilakoni ya iku nganggo piranti kontrasepsi lan perencanaan kulawarga.[1] Program KB iki dianakake kanggo ngatur cacahing bayi kang lair supaya urip bisa luwih sejahtera.[2] Cacahing anak kang ideal miturut program iki mung loro saben kulawarga. Program iki dianakake wiwit taun 1970-an.
Tujuwan kulawarga berencana ing Indonesia diperang dadi loro, ya iku tujuwan umum lan tujuwan mirunggan.
Ningkatake kasejahteraanig ibu, anak ing atase wujud NKKBS (Normal Kulawarga Kecil Bahagia Sejahtera) kang dadi dhedhasar ndadèkaké bebrayan agung kang sejahtera kanthi ngendalekake kalairan sarta njamin laku tambahing pendhudhuk.