duwé efek anti histamin, anti-oxidant, anti-biotic, anti-mycotic lan ngambat bronchitis[1]
Jinten ireng duwé sterol, uga beta-sitosterol, kang bisa dadi anti kanker [1]
Jinten ireng uga bisa ndandani mikro perédaran darah kang tumuju utek, mula jinten ireng pas kanggo bocah cilik lan wong tuwa.[2]
Lenga lan sariné dipercaya bisa nambani lelara kang ana gayutané karo pernapasan, percernaan, lambung, lever, lan bisa kanggo njaga nambah kasehatan.[3]
Ngandung protéin, karbohidrat, Asam Lemak Esensial, vitaminA, B1, B2, C lan Niacin uga mineral, kaya ta calcium, potassium, iron, magnesium, selenium, magnesium lan zinc[4].
Ngalusaké pasuryan amarga duwé antioksidan kang bisa anggawe kulit seger[5]
Jinten ireng ngandhut asem linoleat (omega 6) lan asem linoleat (omega 3), mula jinten ireng bisa dadi nutrisi kanggo utek supaya nambah kakuwatan pikiran lan kapinteran.[2]
Jinten ireng ngandhung saponin kang bisa netralké lan ngresikaké racun ing jero awak.[2]
Jinten ireng uga bisa minangka usada anti tumor.[6] Ing kongrès kangker internasional ing New Delhi, jinten ireng di teliti bisa ngrangsang sungsum balung lan sèl kekebalan.[6] Senyawa ing jeroné bisa ngajurké sèl-sèl tumor lan ningkatké antibodi.[6]