Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.

Jembawati (Sanskerta: जम्बवती; Jāmbavatī), wonten salebeting wiracarita Mahabharata punika putrinipun Raja Jambawan. Raja Jambawan punika raja beruang ingkang wujudipun beruang. Raja Jambawan tarung kaliyan pangeran saking Dwaraka, ingkang asma Kresna. Anggenipun sami tarung, amargi ngrebutaken premata ingkang dipunsebat Syamantaka. Saksampunipun kalah, Raja Jambawan mangertosi sajatosipun Kresna punika. Lajeng premata Syamantaka kaliyan Jambawati dipunparingaken déning Raja Jambawan dhumateng Kresna.