![]() | |
Jabatan: | Mantri Jaban rangkah, AS angka 67. |
---|---|
Partai pulitik: | Dhémokrat |
Mangsa jabatan: | Januari 2001–saiki |
Didhisiki déning: | Daniel Patrick Moynihan |
Diterusaké déning: | isih mengku kalungguhan |
Lair: | 27 Oktober 1947 Chicago, Illinois |
Pasangan: | Bill Clinton |
Hillary Rodham Clinton (lair Hillary Diane Rodham ing 27 Oktober 1947) iku senator junior Amérika Sarékat saka praja New York, sawijining kalungguhan kang diwengku wiwit tanggal 3 Januari 2001. Hillary krama karo Bill Clinton, Présidhèn Amérika Sarékat angka 42 lan Ibu Nagara Amérika Sarékat sajeroning loro mangsa kalungguhan (1993-2001). Sadurungé, Hillary iku dadi pengacara.
Hillary Clinton minangka mantan Ibu Nagara pisanan kang menangaké pilihan umum kanggo sawijining kalungguhan ing AS. Tanggal 20 Januari 2007 Hillary resmi mèlu Pilihan umum présidhèn Amérika Sarékat 2008.[1]
Hillary Rodham dilairaké ing Chicago, Illinois, lan tuwuh diwasa sajeroning kulawarga Methodist ing Park Ridge, Illinois. Bapaké, Hugh Ellsworth Rodham, panganut konservatif, iku èksekutif ing indhustri tekstil, lan ibuné, Dorothy Emma Howell Rodham, minangka ibu rumah tangga. Hillary duwé sadulur lanang cacahé loro, ya iku Hugh lan Tony.
Tanggal 20 Januari 2007, Hillary Clinton mbiwara pambentukan komite penjajakan kanggo pencalonané minangka Présidhèn AS, mung sawatara dina sawisé Senator Barack Obama (D-Illinois) mbiwara rencana kang padha.
Ing pamungutan swara pisanan taun 2008, Hillary ana ing urutan katelu kanthi 29.45 persèn selèksi wakil praja ing tanggal 3 Januari, 2008 Iowa Democratic caucus déné Obama 37.58 percent lan Edwards 29.75 percsèn.[2] Obama unggul ing poling nasional jronin sawatara dina kanthi pamilih poling mrèdhiksi kamenangané, ing pamilihan pisanan ing Parté Dhémokrat New Hampshire.[3][4] Sanadyan mangkono, Clinton pungkasané bisa olèh kamenangan[5] ing tanggal January 8,[6] ngalahaké Obama kanthi 39 persèn nganti 37 persèn.[7] Wedharan bab iki warna-warna nanging kerep munjer marang sikapé sing simpatik, mligi déning para wanita, nalika nétrané mbrebes mili nalika njawab pitakonan para pamilih sadina sadurungé pamilihan.[6][8] The nature of the contest fractured in the next few days, when several remarks by Bill Clinton[9][10] lan sikap kaibuan liyané,[10][11] sarta komentar bab Martin Luther King, Jr. lan Lyndon B. Johnson.
Obama sabanjuré menang ing sawelas kaukus lan pamilihan pisanan (primary), kerep kanthi béda kang nyolok, lan menangaké kabèh swara wakil.[12][13][14]
Ing final putaran pisanan ya iku tanggal 3 Juni, 2008, Obama olèh cukup wakil (delegate) supaya bisa dadi calon dadi (presumptive nominee).[15] Sabanjuré, sajeroning pidhato ing sangarepé para pendhukung ing tanggal 7 Juni, Clinton kanthi formal mbiwara mungkasi kampanyené, mènèhaké panyengkuyung swarané marang Obama kanthi pocapan: "Cara nerusaké perjuangan kita kanggo nggayuh tujuan saiki ya iku ngerahaké tenaga, apa waé sing bisa diayahi kanggo mbiyantu supaya Barrack Obama bisa kapilih."[16]
((cite news))
: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
((cite news))
: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
((cite news))
: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
![]() |
Andharan saka Wikibausastra |
![]() |
Médhia saka Commons |
![]() |
Warta saka Wikinews |
![]() |
Cuplikan saka Wikiquote |
![]() |
Tèks saka Wikisource |
![]() |
Buku tèks saka Wikibooks |
![]() |
Matèri sinau saka Wikiversity |