Hemoglobin ya iku metaloprotein (protéin kang ngandhut zat besi) ing jero sèl getih abang kang nduwé kagunan minangka pengangkut oksigèn saka paru-paru tumuju kabèh pérangan awak,[1] ing mamalia lan kéwan liyané. Hemoglobin uga ngusungi karbon dioksida mbalik menyang paru-paru kanggo ditokaké metu saka awak.[2] Molekul hemoglobin kawangun saka globin, apoprotein, lan patang gugus heme, siji molekul organik kanthi siji atom besi.[2] Mutasi ing gèn protéin hemoglobin njalari siji golongan lelara nurun kang diarani hemoglobinopati, ing antarané kang paling asring tinemu ya iku anemia sèl sabit lan talasemia.[2]
Hemoglobin duwé struktur kang bisa diudhar.[3] Struktur hemoglobin kawangun saka sawatra unit. Ing punjer molekul kawangun saka cincin heterosiklik kang diarani porfirin kang nahan siji atom besi, atom besi iki minangka lokal talènan oksigèn.[3] Porfirin kang ngandhut besi diarani heme. Hemoglobin kasusun saka patang molekul protéin (globulin chain) kang kahubung antara siji lan sijiné.[3] hemoglobin norma wong diwasa (HbA) kawangun saka 2 alpha-globulin chains lan 2 beta-globulin chains, déné ing bayi kang isih ing njero kandhutan utawa wis lair kawangun saka sawatéara ranté beta lan molekul hemoglobin kang kawentuk saka 2 ranté alfa lan 2 ranté gama kang diarani HbF.[3] Ing manungsa diwasa hemoglobin wujud tetramer (ngandhut 4 subunit protéin), kang kawangun saka 2 subunit alfa lan beta saben tentramer.[3] tentramer iku kagubet kanthi cara nonkovalen. Subunit-subunité kayaé sétruktural lan ukurané arep padha.[3] Saben subunit nduwé bobot molekul kurang saka 16,000 Dalton, saéngga bobot molekul total tentramer dadi kira-kira 64,000 Dalton.[3] Saben subunit hemoglobin ngandhut siji heme, saéngga kabèh hemoglobin nduwé kapasitas patang molekul oksigèn.[3] Zat heme iki sing ndadèkaké getih wernané abang.[3]
Reaksi bertahap:
Reaksi keseluruhan:
hemoglobin nduwé kemampuan kanggo nalèni oksigèn kanthi lemah lan kanthi cara reversibel.[4] Kagunan hemoglobin ing awak gumantung ing kemampuan kanggo talènan karo oksigèn ing jero peru-peru banjur ngeculaké oksigèn iku tumuju kapiler jaringan ing endi tekanan gas saka oksigèn adoh luwih sithik tinimbang ing jero pari-paru.[4] Saben molekul hemoglobin ngandhut patang atom besi lan bisa ngangkud molekul oksigèn.[4] Nalika nindakaké fungsiné nggawa oksigèn menyang kabèh pérangan awak, hemoglobin nalèni oksigèn lumantar talènan kimia mirunggan.[4] Reaksi kang minangka talènanan antara Hb lan oksigèn mau bisa ditulis:
Hb + O2 <-----> HbO2
Ing konsèntrasi karbondioksia dhuwur lan pH cendhak, kaya ing jero jaringan, sawatara pérangan karbondioksida bakal ditalèni déning hemoglobin.[4] Daya tali tumrap oksigèn bakal mudhun, saéngga oksigèn diculaké.[4] Suwaliké nalika ditalèni ing jero paru-paru, daya tali hemoglobin kanggo karbondioksida mudhun.[4] Dadi, kejenuhan hemoglobin diprabawani déning pH lan konsèntrasi karbondioksida.[4]
Hemoglobin kawentuk saka sawatara bentuk,[5] ya iku: