Georgi Apollonovich Gapon (Rusia: Георгий Аполлонович Гапон; 17 Fèbruari [K.J.: 5 Fèbruari] 1870 — 10 April [K.J.: 28 Maet] 1906) punika pastur Gréja Orthodox Ruslan lan populèr minangka pamimpin kelas buruh sadèrèngipun Révolusi Ruslan 1905. Nalika tanggal 22 Januari 1905, panjenenganipun mimpin dhémonstrasi damai, nanging, dhémonstrasi kasebat dipunbibaraken kanthi kasar kanthi pembantaian ing njawi pura mangsa asrep St. Petersburg, Kakaisaran Ruslan. Kedadosan puniki dipunarani Minggu Rah.
Panjenenganipun dipungambaraken déning Julian Glover salebetipun filem 1971 Nicholas and Alexandra lan déning Kenneth Colley ing taun 1974 miniseri Fall of Eagles .
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani George Gapon. |