Gabah punika bulir pari ingkang sampun kapisah saking damèn utawi merang.
Perdhagangan pari parté ageng punika ing wujud gabah, amargi gabah ingkang sampun garing punika boten gampang risak (bosok) lan langkung awet manawi dipunsimpen. Dhefinisi teknis perdhagangan kanggé gabah, inggih punika asil tetuwuhan pari ingkang sampun kapisah saking gagangipun kanthi cara dipunrontogaken.
Sacara anatomi biologi, gabah punika woh pari, kalebet wiji. Woh pari bentukipun bulir utawi caryopsis, saéngga awrat anggènipun mbéntenaken pérangan woh lan wiji.
Amargi pari/gabah/beras punika komoditas vital tumrap Indonésia, Pamaréntah nemtoaken regulasi regi ing perdhagangan gabah. Mila, wonten istilah-istilah mirunggan ingkang ngacu ing kualitas gabah ingkang dados referensi panemtu regi:
Gabah saged dipunolah dados:
Sadèrèngipun dipunolah, gabah kedah dipunpépéni ngantos garing.
Mépéni gabah kanthi tradhisional ing képang: