Emilio Aguinaldo | |
---|---|
Présidhèn Pilipina Kapisan Présidhèn ing Républik Kapisan Présidhèn ing Pamaréntah Agung Présidhèn ing Républik Biak-na-Bato Dhiktator ing Pamaréntah Dhiktator Présidhèn ing Pamaréntah Révolusionèr | |
Linggih 23 Januari 1899[a] – 23 Maret 1901[b] | |
Mahamantri |
|
Wakil Présidhèn | Mariano Trias (1897) |
Kang sawisé | Wurung, Resminé Manuel Quezon, Présidhèn Pasaraharjan Pilipina |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Kawit, Cavité, Pakaptènan Umum ing Pilipina | 22 Maret 1869
Pati | 6 Fèbruari 1964 Kutha Quezon, Pilipina | (umur 94)
Pakuburan | Sanggar Aguinaldo, Kawit, Cavité |
Parté pulitik | Katipunan Parté Sosialis Nasional |
Sisihan |
|
Anak |
|
Almamater | Colegio de San Juan de Letran |
Profési | Juru pulitik Mantri militèr |
Agama | Gréja Mardika Pilipina sadurungé Katulik Rum |
Pangaji | Lésiyun Palakrama ing Pilipina Salib Jasa Quézon |
Jasa militèr | |
Jejuluk | "Kapitan Miong" "Heneral Miong" |
Kasetyan | Républik Pilipina Kapisan Républik Biak-na-Bato Katipunan (Magdalo) |
Cawang | Wadya Révolusionèr Pilipina |
Taun leladi | 1894–1901 |
Pangkat | Mantri/Marsekal Lapangan / Generalissimo |
Perang | Révolusi Pilipina Perang Spanyol-Amérika Perang Pilipina-Amérika |
Emilio Aguinaldo y Famy (22 Maret 1869-6 Pèbruari 1964) iku mantri militèr, juru pulitik, lan mantri révolusi Pilipina kang dikepyakaké dadi Présidhèn Pilipina Kapisan (1899–1901) lan dadi présidhèn ing républik konstitusional kapisan ing bawana Asiah. Dhèwèké pandhégané wadya Pilipina kang nglawan Spanyol kala Révolusi Pilipina (1896–1897) lan kala Perang Spanyol-Amérika (1898), sarta kang nglawan Amérikah Sarékat kala Perang Pilipina-Amérika (1899–1901). Emilio dicekel wadya Amérika ing Palanan, Isabéla tanggal 23 Maret 1901 kang sakala mungkasi kalungguhan prèsidhèné.
Taun 1935, Emilio kalah saka Manuel Quezon nalika maju présidhèn Pasaraharjan Pilipina. Sawisé Jepang nginvasi Pilipina taun 1941, dhèwèké tembayan karo lelurah anyar lan malah gawé seruan sarana radhio murih wadya Amérika lan Pilipina nyerah ing Bataan. Nalika wadya Amérika teka manèh, dhèwèké dicekel jalaran dadi juru gèdhèg anthuk, nanging banjur kamardika awit amnèsti umum.
Cara Jawa | Cara Indonésia | Cara Inggris |
---|---|---|
mantri militèr | kepala militèr | military leader |
juru pulitik | pulitikus | politician |
dikepyakaké | diresmikan | officially recognized |
bawana | benua | continent |
Asiah | Asia | Asia |
pandhéga | pemimpin | leader |
wadya | bala | forces, army |
sakala | seketika | immediately |
kalungguhan | kalungguhan | position |
Pasaraharjan | Persemakmuran | Commonwealth |
tembayan | bekerja sama | cooperate |
lelurah | kepala papréntahan | ruler |
juru gèdhèg anthuk | kolaborator | collaborator |
dirangkad | diculik | abducted |
Switserlan | Switserlan | Switzerland, Switserlan |
lésyiun | legiun | legion |
palakrama | kehormatan | honour |