Artikel iki ditulis nganggo basa krama.

Edward Bransfield (Ballinacurra, County Cork, Irlandia, 17851852) punika satunggiling pelaut lan navigator ing Angkatan Laut Krajan Britania Raya (Royal Navy) ingkang asring dipunanggep minangka pamanggih bawana Antartika.

Panjenenganipun mlebet angkatan laut nalika yuswa 18 taun. Bransfield salajengipun mundhut pérangan salebetipun Pangeboman Aljir nalika taun 1817 lan lajeng dipuntugasaken ing Chili. Sasampunipun Kapuloan Shetland Kidul kapanggih taun 1819 déning William Smith, panginggilipun Bransfield ngutus Bransfield lan Smith kanggé nylidhiki langkung lebet pulo-pulo ingkang nembé kapanggih wau. Kekalihipun lajeng manggihaken Pulo King George lan tanggal 30 Januari 1820, manggihaken Ujung Trinity, titik dharatan Antartika ingkang paling lèr. Tanpa sapangertosan Bransfield, kalih dinten sadèrèngipun, satunggiling panjlajah asal Ruslan, Fabian Gottlieb von Bellingshausen sampun nyathet prakawis pamanggihan garis pasisir ingkang dipunkebaki ès ing panggènan ingkang sapuniki dipuntepangi minangka Antartika Wétan.

Sasampunipun Trinity, Bransfield lajeng manggihaken Pulo Elephant lan Pulo Clarence. Nalika kundur dhumateng Chili lan medharaken asil lelampahanipun dhumateng panginggilipun, pihak krajan Britania Raya jebulané boten wigatos kaliyan pamanggihan kasebat lan cathetan dintenan Bransfield sapuniki sampun ical. Namung péta-péta lautipun ingkang taksih wonten.

Bransfield nglampahi sisa gesang tanpa naté dipuntepangi wiyar masarakat sanadyan sampun nglampahi pamanggihan wigatos. Panjenenganipun tinar donya taun 1852 lan dipunsarèaken ing Brighton, Inggris.

Réferènsi lan wacan terusan

[besut | besut sumber]