Durma inggih punika salah setunggaling tembang macapat kang gadhah watak galak lan wani. Durma punika mundur saking Ma lima inggih punika nyingkiri madat, madon, main, minum, lan maling. Wonten kalamangsanipun Durma ugi ngemu kaanan ingkang serem lan saged marai ajrih. Durma kelebet tembang ingkang wingit.
Saben pada (bait) woten 7 gatra (larik).
Kaé manungsa golèk upa angkara,
Sesingidan mawuni,
ngGawa bandha donya,
mBuwang rasa agama,
Nyingkiri sesanti ati,
Tan wedi dosa,
Tan èling bakal mati,
Dyan anarik candrasa Prabu Rawana,
Pinrang jatayu jeni,
Suwiwine sempal,
Tiba sang peksi raja,
Sinta manglayang sira glis,
Cinandhak kena,
Mring sang reksapati.
Alit
|
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung |
Tengahan
|
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh |
Ageng
|
Girisa |