Didi Kempot | |
---|---|
Pratélan latar wuri | |
Jeneng asli | ꦣꦶꦣꦶꦏꦼꦩ꧀ꦥꦺꦴꦠ꧀꧈ꦝꦶꦝꦶꦏ꧀ꦥꦿꦱꦼꦠꦾ꧉ |
Jeneng lair | Didik Prasetyo |
Paraban |
|
Lair | Kota Surakarta, Jawa Tengah, Indonesia | 31 Dhésèmber 1966
Saka | Kota Surakarta, Jawa Tengah, Indonesia |
Surud | Mèi 5, 2020 Kota Surakarta, Jawa Tengah, Indonesia | (umur 53)
Génre |
|
Pakaryan | |
Piranti | Vokal, gitar, ukulele, kendang |
Mangsa akarya | 1984–2020 |
Labèl |
|
Sing magepokan |
|
Didi Kempot utawa Didik Prasetyo (lair Didik Prasetya ing Surakarta, Jawa Tengah, 31 Dhésèmber 1966 – pati ing Surakarta, Jawa Tengah, 5 Mèi 2020 ing umur 53 taun)[1], minangka salah sawijining penyanyi campursari kang asalé saka Jawa Tengah. Dhèwèké asliné saka Surakarta. Didi Kempot yaiku anaké juru lawak Ranto Edi Gudèl lan isih adhiné Mamik Prakosa, pelawak anggota Srimulat. Didi Kempot uga dijuluki "Godfather of Brokenheart."[2]
Ing tengahing taun 1980-an, dhèwèké mutuské kanggo nekuni donya musik. Dhèwèké miwiti lelakoné saka Yogyakarta tekan Jakarta dadi wong ngamèn. Jenenge kang mauné Didi Prasetyo, dadi Didi Kempot, kang ngrujuk marang singkatan saka "Kelompok Penyanyi Trotoar".[2][3]
Dhèwèké antarané nulis utawa nyanyi lagu-lagu:
Sobat Ambyar ya iku jeneng paguyuban wong kang Didi Kempot.[4] Sadurungé, uga ana jeneng paguyuban wong kang seneng Didi Kempot, arané Kempoters. Sobat Ambyar duwé celukan "Sad Boys" (bocah lanang kang sedhih) lan "Sad Girls" (bocah waon kang sedhih). Celukan iki timbul amarga para pamireng bisa nètèsaké luh nalika ngrungokaké lagu-lagu Didi Kempot. Paguyuban Sobat Ambyar digawé déning cah-cah enom. Paguyuban iki banjur moncèr rikala ana péntas Didi Kempot ing acara Ngobam (Ngobrol Bareng Musisi) Gofar Hilman. Ing acara iki, ana sawatara 1.500 bocah enom kang nonton pentas Ngobam Didi Kempot.
Didi Kempot séda tanggal 5 Mei 2020 ing Rumah Sakit Kasih Ibu Surakarta amarga lara jantung.[5][6] Sédane penyanyi kondang iki kalebu ujug-ujug, amarga sadurunge almarhum nglakoni aktivitas kaya biasane. Dhéwéke sempet kena lara panas ing dina sakdurunge.[7]