Detasemen Khusus 88 | |
---|---|
Detasemen 88 Polri. | |
Dibentuk | 26 Agustus 2004-saiki |
Negara | Indhonésia |
Cabang | Kapulisèn Nagara Républik Indonésia |
Tipe | Pasukan Operasi Khusus |
Spesialis | Anti-teror domestik lan penegakan hukum ing Indonésia |
Kekuatan | diperkirakan 400 personil |
Mabes | Megamendung, Jakarta |
Warna | Merah |
Operasi | Pirsani: Operasi kang diweruhi |
Komando | |
Kolonel Resimen |
Ajun Komisaris Besar Pulisi Tito Karnavian |
Detasemen Khusus 88 utawa Delta 88 iku ékan mirunggan Kapulisèn Nagara Républik Indonésia kanggo pananggulangan teroris ing Indonésia. Pasukan mirunggan mawa ompi abang iki dilatih mirunggan kanggo nangani ancaman teror, kalebu teror bom. Sawetara anggota uga minangka anggota tim Gegana.
Detasemen 88 dirancang minangka unit antiteroris kang duwé kaluwihan ngatasi gangguan teroris wiwit saka ancaman bom nganti panyanderaan. Unit mirunggan kanthi kakuwatan watara 400 personel iki dumadi saka ahli investigasi, ahli bahan peledhak (penjinak bom), lan unit pemukul kang ing jeroné ana ahli penembak jitu.
Ékan iki diresmèkaké déning Kepala Kapulisèn Laladan Metro Jaya Inspektur Jenderal Firman Gani ing tanggal 26 Agustus 2004. Detasemen 88 kang wiwitané duwé anggota 75 personil iki dibawahi Ajun Komisaris Besar Pulisi Tito Karnavian kang tau dilatih ing sawatara nagara.