De Gea mlebet club U-17 Spanyol lan saged ndadosaken juwara ing European Championship 2007, ugi ndhèrèk nyengkuyung club bal-balan Spanyol cilik ing World Cup 2007 dados juwara 2.
Ing sasi Mèi2010, dhedhasar kaprigelan ugi katrampilan ing Atletico Madrid, David de Gea kapilih minangka salah setunggale kiper timnas Spanyol déning manager Vicente del Bosque kanggé kaginakan FIFA World Cup. Piyambakipun ugi dados kiper ing tim U-21 Spanyol ingkang migatos nyepeng juwara European Championship 2011.