Dasanama (Carakan: ꦢꦱꦤꦩ) iku tegesé manéka warna utawa sesebutan liyané kanggo siji paraga utawa manungsa. Lumrahé dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing duwé jeneng punjul siji. Tembung "dasanama" iku asalé saka basa Sangskreta daśanāma lan kanthi barès tegesé "sepuluh jeneng". Tembung iki siji kompositum ajenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung kang tegesé isih nunggal-misah. Tegesing tembung-tembung mau kèh-sethithiké isih padha,mirib utawa mèmper, sing diarani sinonim. Dadi dasanama iku kena diarani kadidèné kamus sinonim. Saliyané kanggo mbédak-mbédakaké pengertèn kanthi premati, anané tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supaya tembung-tembung kang digunakaké ora mung iku-iku baé.[1]

Dasanama kéwan

Kiriman akun média sosial Wikipédia Jawa kang medharaké dasanamané 'manuk'

Tembung kang nduwèni dasanama iku cacahé akèh lan manéka warna, ing antarané yaiku bab jeneng-jenengé paraga wayang, kéwan, pananggalan, papan, lan sapanunggalané. Ing ngisor iki ana sapérangan pratéIaning tembung kajangkepan mawa dasanamané:[2][3]

Dasanama dina

Dasanama dina:

Dasanama dina pasaran Jawa:

Dasanama paraga wayang

Ing ngisor iki pratélaning sapérangan paraga wayang dalah dasanamané:[4]

Ratu

Satriya dan Pandhita

Rujukan

  1. Wreksosoehardjo, Soedjarwo. 2009. Pepadhang. Semarang: Lengkongcilik Press.
  2. Anonim (1882). Kawi Dasanama. Surakarta.
  3. Padmasusastra (1897). Serat Dasanama Kawi. Surakarta.
  4. Padmasusastra; Sasradiningrat; Wirapustaka (1903). Serat Bausastra: Jarwa Kawi. Surakarta: Sie Dhian Hoo.

Uga delengen