PT Dahana (persero) ya iku perusahaan duwéné nagara [1] kang gawéyané ing dibidang indhustri bahan peledak. Perusahaan iki wujud salah siji perusahaan kang wujud indhustri strategis Indonésia.
Awal sajarah PT. Dahana ditandhani kanti pangyasa pabrik dinamit (NG based) nalika taun 1966 ing lingkungan pangkalan TNI-AU Tasikmalaya. Bebarengan karo perkembangan teknologi lan penjalukan pasar, nalika taun 1991 dilakokaké alih tèknologi Water Based Emulsion kang duwé drajat keamanan (safety) luwih dhuwur kanti produké saka jinis ‘Cartridged Emulsion’. Pabrik bahan peledak DANFO diyasa kanti kemampuan rekayasa Dahana dhéwé nalika taun sebanjuré.
Kepinginan kanggo terus tumuwuh lan dadi kang kang paling apik nyurung Dahana kanggo dandani kualitas operasiné kanthi terus terusan. Kesempatan beroperasi bebarengan (joint operation) kanggo nglayani PT Kaltim Prima Coal (KPC) awit taun 1994 bermitra karo salah siji juru main global wujud langkah awal Dahana ngleboni dunya jasa aplikasi handak. Kesuksèsan proyèk iki dadi tonggak kesinambungan kerjasama-kerjasama sebanjurè kanggo penambangan liya ing Kalimantan Tengah lan Sumbawa. Prestasi kang kaukir suwéné iki duwé mankna sajeroning mantapekaké jati diri Dahana kanggo terus fokus ing bisnis jasa handak lan aplikasiné minangka kompetensi inti (core competence) perusahaan.
Pasar migas wujud sèktor kang ngrembaka lan mesti menantang. Babagan eksplorasi migas antarané survey seismik wis kaasil dilayani kebutuhan bahan peledaké kanti produk Dahana dhéwé ya iku Dayagel Seismic. Ketimbang eksploitasi migas ya iku kanggo ‘Oilwell Perforating’ Dahana kasil jangkepi kebutuhan produk Shaped Charges kanti gawé dhéwé bekerjasama karo COS (Chartered Oiltech Singapore) kang pabriké wis beroperasi awit taun 1995. Pasar kuari granit ing pulo Karimun ngrembaka pesat lan Dahana nyekel peluang iki kanti ngedegaké pabrik “On Site Bulk Emulsion” nalika taun 1998 kang wujud hasil karya rekayasa Dahana dhéwé. Nalika taun 1999 Dahana éntuk sertifikasi ISO 9002:1994 kang banjur ditingkataké manèh kanti éntuk ISO 9001:1994 nalika taun 2001. Pemutakhiran kanggo dadi sistem ISO 9001:2000 lagi dilakokaké saiki. Lemah kanti amba 600 HA ing Sumurbarang, Subang wis disiapaké awit taun 1999 kanggo didadèkaké Pusat Industri lan Engineering Bahan Peledak lan Peledakan ing ngedi nganti saiki Dahana wis yasa sarana prasarana sarta pergudangan handak. Hak Paten kanggo komposisi lan prosès produksi bahan peledak Emulsi Curah diéntuki ing taun 2001. Pirang-pirang paten liya saka hasil pengembangan tèknologi wis terdaftar lan bakal diéntuki haké. Kabéh iku wujud bukti yèn Dahana mesti péngin mènèhaké kang paling apik. Harapan PT. Dahana ing pengarepé ya iku dadi indhustri nasional kang paling unggul sajeroning babagan bahan kanti ènergi dhuwur (energetic materials) kanti ngasilaké produk lan jasa kang daya saing dhuwur lan ramah lingkungan.[2]
PT Dahana (Persero) éntuk pangaji-aji saka pamaréntah utawa lembaga liya kaya ta: