超電磁ロボ コン・バトラーV (Choudenji Robo COMBATTLER V) Super-Electromagnetic Robo Combattler V | |
---|---|
Digawé déning | Tadao Nagahama |
Diparagakaké | Yuji Mitsuya Miyuki Ueda Keaton Yamada Kazuya Tatekabe Sachiko Chijimatsu |
Musik déning | Asei Kobayashi |
Lagu pambuka | Combattler V no Theme (Tema di Combattler V) olèh Ichiro Mizuki dan The Blessin' Four |
Lagu panutup | Ike! Combattler V olèh Ichiro Mizuki dan Columbia Yurikago-Kai |
Komposer | Hiroshi Tsutsui |
Negara asal | Jepang |
Gunggung episode | 54 |
Prodhuksi | |
Suwéné acara | 30 menit |
Prodhuksi | Sunrise, Toei Animation |
Pambabaran | |
Saluran tivi | TV Asahi Toei GMA-7 (1982-83; 1999-2000) IBC-13 (1986-87) RPN-9 (1989-90) SBN-21 (1993-94) ABS-CBN-2 (1996-97) Hero TV (2006-07) |
Lakuné acara | 17 April 1976 – 28 Mèi 1977 |
Choudenji Robo Combattler V (超電磁ロボ コン・バトラーV Chōdenji Robo Konbatorā Bui?) ya iku serial anime pertama saka trilogi serial Super Robot karya Tadao Nagahama.
Film kang pertama kali dirilis taun 1976 iki populer banget ing Jepang lan pira-pira nagara liyané, amarga dhèwèké ya iku anime super robot pertama sawisé Getter Robo kang gambaraké kombinasi pira-pira kendaraan kang mampu gabung mbentuk robot raksasa, sarta duwé pira-pira senjata kang unik. Kepopuleran Combattler V gawé para penggemar anime super robot ing Jepang manggonaké sejajar karo Mazinger Z lan Getter Robo.
Amerga kesuksesan Combattler V, Tadao Nagahama mutusaké kanggo gawé serial liya kang jupuk tema pada. Kaloro serial mau ya iku "Voltes V" lan "Daimos".[1]
Awit pirang pirang taun-taun kang biyèn, bangsa alien saka planit Kampbell duwé niyat kanggo nguwasai planit Bumi kanggo digunakaké minangka panggonané déwké. Sakwéné pirang-pirang taun iku uga déweké umpetan ing jero lemah ngentèni waktu kang pas kanggo nyerang manungsa Bumi.
Profesor Nanbara kang sadar anané ancaman saka alien Kampbell akhiré ngumpulaké ilmuwan-ilmuwan saka sekabéhané Jepang lan ngadegaké salah sijiné laboratorium Nanbara Connection. Nanbara Connection neliti ènergi elektromagnetik lan ngupadaya gawé salah sijiné sistem pertahanan kanti manfaataké sumber ènergi mau.
Saka laboratorium mau lair super robot Combattler V kang kasusun saka kombinasi lima pesawat. Profesor Nanbara banjur wiwit milih anak enom saka Jepang kanggo ngendalikake kalima pesawat Combattler V mau. Kalima bocah enom mau dibawahi Hyouma Aoi ngemban tugas kanggo nylametaké Bumi saka serangan alien.