Ciliates | |
---|---|
"Ciliata" saka buku Ernst Haeckel kanthi irah-irahan Kunstformen der Natur (1904) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Dhomain: | Eukaryota |
Karajan: | Chromalveolata |
Superfilum: | Alveolata |
Filum: | Ciliophora Doflein, 1901 emend. |
Classes | |
Karyorelictea Heterotrichea Spirotrichea Litostomatea Phyllopharyngea Nassophorea Colpodea Prostomatea Oligohymenophorea Plagiopylea |
Ciliata (latin, cilia = rambut cilik) utawa Ciliophora/Infosoria sawijining jinis protozoa kang obah nganggo silia (rambut getar). Ciliata duwé ukuran mikroskopis, nanging spésies kang gedhé dhéwé ukurane bisa nganti 3 mm saéngga bisa dideleng langsung tanpa nganggo mikroskop. Silia ing awak ciliata digunaake kanggo piranti obah lang golèk pangan.[1]
Tuldhane anggota Ciliata kang paling dikenal yaiku Paramecium.Paramecium Caudatum yaiku jinis ciliata kang duwé loro vakuola (vakuola makanan lan vakuola kontraktil) uga loro neukleus (makronukleus lan mikronukleus). Makronukleus karan uga inti generatif.[1] Reproduksi dilakoni kanthi loro cara yaiku kanthi cara vegetatif lan generatif. Reproduksi kanthi cara vegetatif biyasa racaké dilakoni kanthi cara pembelahan biner. Paramecium bisa nyigar kaping siji nganti kaping papat ing sadina. minangka reproduksi generatife kanthi cara konjungsi.[1]
Anggota kelas Ciliata laine yaiku Didinum, Stentor, Vorticella, Stylonechia, lan Balantidium coli.[1]