Marcus Tullius Cicero
Cicero watara umur 60, wujud reca dhadha marmer
Lair3 Januari, 106 SM
Arpinum, Italy
Pati7 Dhésèmber, 43 SM
Formia, Itali
PakaryaPulitisi, ahli hukum, orator lan filsuf
BangsaAncient Roman
Subyèkpulitik, hukum, filsafat, wicara / pidhato
Obahan sastraGolden Age Latin

Marcus Tullius Cicero (basa Latin klasik uniné [ˈkikeroː], lumrahé uniné /ˈsɪsəroʊ/ sajeroning basa Inggris; 3 Januari, 106 SM – 7 Dhésèmber, 43 SM) iku sawijining nagarawan Romawi, ahli hukum, èlmuwan pulitik, lan filsuf. Cicero dianggep salah siji ahli pidhato (orator) kang paling pinter ing Roma, lan uga seniman prosa.[1][2]

Cicero lumrahé dianggep salah siji pamikir budaya Romawi kang komplit lan sarwa bisa (versatile) lan tulisané dadi tuladha (paragon) tumrap Latin klasik. Cicero ngenalaké bab Romawi sajeroning pamikiran utama ing filsafat Yunani lan ngripta kosa kata ing filsafat Latin. Minangka ahli pidhato kang ngédap-édapi lan ahli hukum kang suksès, Cicero mbokmanawa mikir yèn karir pulitiké minangka prèstasi kang paling wigati. Nanging, dina iki Cicero luwih diregani mligi saka tulisané bab humanisme filsafat lan pulitik. Layang-layangé kang akèh banget, akèh-aké ditujokaké marang mitrané: Atticus, duwé prabawa kang mirunggan, lan ngenalaké kagunan nulis layang tumrap budaya Éropah. Cornelius Nepos, panulis biografi Atticus saka abad angka 1 SM, nyathet yèn layangé Cicero marang Atticus ngandhut rincian "bab katundhukan / kacendherungan (inclination) para pamimpin, kasalahan / tanggung jawab (faults) para jendral, lan révolusi sajeroning pamaréntahan", kang para pamacané ora pati butuh bab sajarah mangsa mau.[3]

Uga delengen

Wacan terusan

Cathetan

  1. Rawson, E.: Cicero, a portrait (1975) p.303
  2. Haskell, H.J.: This was Cicero (1964)p.300-301
  3. Cornelius Nepos, Atticus 16, trans. John Selby Watson.

Rujukan

Opera omnia, 1566

Pranala njaba

Wikisource
Wikisource
Wikisource gadhah karya asli ingkang karipta déning utawi seratan bab:
Cicero
Wikisource
Wikisource
Latin Wikisource has original text related to this article:
Marcus Tullius Cicero

Cithakan:Plutarch


Kang sadurungé
Lucius Julius Caesar and Gaius Marcius Figulus
Consul of the Roman Republic
with Gaius Antonius Hybrida
63 BC
Kang sawisé
Decimus Junius Silanus and Lucius Licinius Murena