Panggonan asal | Inggris |
---|---|
Woworan pokok | Glepung |
Buku masakan: Bolu Médhia: Bolu |
Bolu utawa kuwé bolu (basa Inggris: cake) yaiku kuwé kang bahan dasarè glepung (umumè glepung terigu), gula, lan ndog[1]. Kuwè bolu lan cake umumè dimatangakè kanthi cara dipanggang ing oven, sanajan uga ana bolu kang dikukus, contoné bolu kukus utawa brownies kukus[1]. Cake kang direngga karo lapisan (icing) saka krim mentega (buttercream), fondant, utawa marzipan iku jenengè kuwe tart (kuwe tarcis)[1]. Cake kang dihias(kuwé tart) utawa ora ana rerenggan digunakakè kanggo makanan penutup utawa suguhan istimewa resepsi nikahan utawa pista ulang taun[2]. Ana ing resepsi nikahan ala Barat lan pista ulang taun, upacara pengirisan kuwe tart didadekakè salah sawijining acara[2]. Ing Indonesia, nasi tumpeng asring nggantekakè peranè cake dadi pakanan istimewa ana ing upacara-upacara pengetan[2]. Cake kang ukuranè gedhè, bentukè segi papat utawa bunder banjur diiris-iris nalika arep didol utawa disajekakè karan kuwé bolu utawa bolu gulung[3]. Maneka warna puding uga nggunakaké bahan dhasar irisan bolu kang didokokakè ing dhasar loyang sakdurungnè disiram karo agar-agar[4].
Piranti pengocok kuwé (mixer) digunakakè kanggo ngocok ndog utawa mentega karo gula nganti ngembang. Penambahan lemak nabati utawa hewani ing wujud mentega, margarin, santen, utawa shortening ing adonan nggawé tekstur kuwé dadi luwih lembut[5]. Bahan kimia pengembang (soda kue, baking powder), penstabil (krim tartar), lan pengemulsi (ovalet)asring ditambahakè ing jero adonan supaya asile luwih apik[5].
Didelok saka tèhnik nggawéne, bolu (cake) digolongakè dadi rong kelompok.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Cakes. |