Bijuu

Bijuu (尾獣 bijū?) inggih punika sanga (9) monster kanthi buntut wonten ing cariyos fiksi Naruto karya Masashi Kishimoto. Kajawi wonten ing Naruto, Bijuu ugi wonten ing legenda Jepang.[1] Makluk-makluk punika dipuncariyosaken gadhah ukuran badan ingkang ageng sanget lan gadhah sajumlah buntut ingkang béda-béda, saéngga Bijuu saged kapérang dhedhasar jumlahing buntut. Kajawi ukuran badanipun, Bijuu ugi gadhah jumlah chakra kanthi cacah ingkang kathah sanget. Umumipun Bijuu minangka makluk setengah déwa ingkang damel ajrih masarakat, nanging wonten ing Naruto sapérangan ing antawisipun boten gadhah inteligensia ingkang cekap ingkang dipunbetahaken kanggé migunakaken chakranipun.

Sedaya Bijuu ingkang dipunsègel ing salebeting badan manungsa dipunsebut Jinchuuriki (人柱力, ingkang ateges host utawi tuan rumah) ingkang maring kekiyatan ageng tumrapipun. Istilah Jinchuuriki piyambak namung dipunginaken wonten ing donya Naruto. Ugi wonten ing sapérangan kasus, satunggaling Jinchuuriki gadhah kekiyatan ingkang langkung ageng ingkang wonten ing salebeting badanipun. Bab punika dipunmungkinaken amargi Jinchuuriki gadhah kemampuan kanggé ngendhalikaken kekiyatan Bijuu kanthi efektif, déné sapérangan Bijuu boten gadhah kekiyatan punika.[2]

Nibi no Nekomata

[besut | besut sumber]

Nibi inggih punika Bijuu ingkang awujud kucing. Wonten ing cariyos Naruto, punika dipunsègel wonten ing salebetipun awakipun Kunoichi ingkang namanipun Yugito Nii saking Kumogakure. Nekomata gadah napas api (Fire Breathing). Nibi pungkasanipun dipuncekel kaliyan 2 anggota Akatsuki, inggih punika Hidan lan Kakuzu.

Sanbi no Kyodaigame

[besut | besut sumber]

Bijuu ingkang abuntut tiga punika bentukipun kados ta kura-kura kanthi karosan ingkang ngeri sanget. Ewadéné makaten, si buntut tiga boten gadhah kapinteran kanggé ngontrol kasagedanipun supados manut Deidara, kasagedanipun namung satunggal tingkat langkung inggil tinimbang kéwan biyasa.

Kasagedanipun inggih punika nyemburaken elemen angin kanthi rikat. Piyambakipun gadah kacepetan ingkang inggil déné awakipun ingkang ageng sanget saderengipun dipuncekel kaliyan Deidara lan Tobi saking Akatsuki.

Yonbi no Saru

[besut | besut sumber]

Gobi no Irukauma

[besut | besut sumber]

Bijuu punika nguwasani 5 elemen [toya lemah geni angin lan bledhèg].

Rokubi no Namekuji

[besut | besut sumber]

Bijuu punika ngomah wonten ing awakipun Utakata. Bijuu punika nguwasani elemen Gelembung.

Shichibi no Kabutomushi

[besut | besut sumber]

Bijuu punika mapan wonten ing awakipun Fuu ninja saking Takigakure. Kasagedanipun boten dipunmangertosi.

Hachibi no Ushi Oni

[besut | besut sumber]

Bijuu punika mapan wonten ing awakipun Killer Bee.

Kyuubi no Yōko

[besut | besut sumber]

Kyuubi naté kasegel wonten ing awakipun Uzumaki Mito lan Uzumaki Kushina, ibu Uzumaki Naruto lan menma uzumaki ing naruto shippuden the movie 6.

Juubi

[besut | besut sumber]

Juubi minangka wujud asli saking sangang bijuu. Kéwan punika dipuna anggep minangka wiwitanipun wujud donya lan ugi minangka tanda minangka remuking donya. Punika dipunsegel kaliyan Rikudo Sennin lan cakra dipunpisahaken dados sangang bijuu. Nanging pungkasanipun dipunuculaken malih kaliyan Obito Uchiha (Madara Uchiha palsu) kanggé nggayuh rencana Mata Bulan sesarengan kaliyan Madara Uchiha Asli ingkang dipuntangekaken kanthi Edo Tensei.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-08-03. Dibukak ing 2013-03-17.((cite web)): CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-04-24. Dibukak ing 2013-03-17.((cite web)): CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. http://animers.mobie.in/artani/Legenda%20bijuu%20asli_1

Pranala njaba

[besut | besut sumber]