Basa Silesia (Basa Silesia: ślůnsko godka, ślůnski, terkadhang uga diarani pů našymu) iku sawijining basa Slavik sing dipituturaké déning wong-wong ing tlatah Silesia dhuwur ing Polen, lan uga ing Céko lan Jerman. Miturut cacah jiwa Polen ing taun 2011, kurang luwih 509.000[1] jiwa ngarani Basa Silesia minangka basa ibuné. Sawetara ahli basa ngarani yèn Basa Silesia iku sawijining dhialèk Basa Polen amarga gegandhèngan kenceng antara rong basa iku.
Basa Silesia lumrahé ditulis mawa aksara Latin gagrag Polen, nanging ing taun 2006 muncul sawijining gagasan kanggo alfabèt Silesia sing lumrah dienggo ing Internèt lan dienggo ing Wikipedia Basa Silesia:
Aksara: Aa Bb Cc Ćć Čč Dd Ee Ff Gg Hh Ii Jj Kk Ll Mm Nn Ńń Oo Pp Rr Řř Ss Śś Šš Tt Uu Ůů Ww Yy Zz Źź Žž
Digraf: Ch Dz Dź Dž.
Aksara iki luwih mèmper aksara sing dienggo Basa Céko.