Barista inggih punika salah satunggalipun sebatan kanggé tiyang ingkang pedamelanipun ndamel lan nyawisaken kopi kanggé para pelanggan.[1] Tembung "barista" punika asalipun saking basa Italia ingkang ngemu teges "pelados bar".
Awit taun 2007 ing Indonesia sampun dipunwontenaken "Adon-adon Barista Indonesia" (Indonesian Barista Competition) ingkang dipuntindakaken déning "Asosiasi Spesialis Kopi Indonesia" (Specialty Coffee Association of Indonesia).[2] Juwara adon-adon punika nampi kalodhangan dados dutaning Indonesia wonten adon-adon ingkang sami ing tataran Asia. Salajengipun, juwara ing Asia badhé ndhèrèk adon-adon ing tataran sadonya inggih punika "Kejuaraan Barista Dunia" (World Barista Championship). Gelar "Juwara Barista Sadonya" ing taun 2010 dipungayuh déning Michael Philips panyarta saking Amérikah Sarékat. World Barista Championship.[3][4][5][6][7]