Clavicula kiwa - katon ndhuwur
Clavicula tengen - katon ngisor

Sajeroning anatomi manungsa, balung selangka utawa clavicula iku balung kang mbentuk bahu lan ngubungaké lengen ndhuwur ing awak.

Ikhtisar

Clavicula awangun kurva-gandha lan dawa. Iki siji-sijiné balung kang dawa horizontal ing awak. Dumunung ing ndhuwur balung iga pisanan. Ing ujung medial, clavicula mawa sendhi ing manubrium saka sternum (balung dhadha) ing sendi sternoclavicularis. Ing pérangan ujung lateral mawa sendhi kanthi acromion saka scapula (balung walikat) kanthi sendi acromioclavicularis.

Tumrap wanita, clavicula luwih cendhak, tipis, kurang mlengkung, lan permukaané luwih alus.

Fungsi

Clavicula migunani kanggo:

Sanadyan diklompokaké sajeroning balung dawa, clavicula iku balung siji-sijiné kang ora duwé gronggongan sungsum balung kaya ing balung dawa liyané. Clavicula kasusun saka balung spons.

Panèmpèlan

Otot-otot lan ligamentum kang nèmpèl ing clavicula:

Permukaan superior:

Permukaan inferior:

Batas anterior:

Perkembangan

Clavicula iku balung pisanan kang ngalami prosès pangerasan osifikasi sajeroning perkembangan embrio minggu angka 5 lan 6. Clavicula uga minangka balung pungkasan kang ngrampungaké prosès pangerasan yakuwi ing umur 21 taun.

Cidra umum

Uga delengen

Pranala njaba

Réferènsi