Awu tilas bedhiang

Awu ya iku turahan saka kayu kang kobong, kang rupa kaya déné glepung. Awu kang kaasilake saka kayu kang diobong udakara 0.43-1.82% saka bobot kayune. Cacah lan komposisi awu kang kaasilake saka saben obongan béda-béda gumantung saka kayu kang diobong, lan kaanan liya nalika iku. Suhu kang luwih panas uga ngasilaké awu kang luwih sethithik.

Awu mligi ngandhut kalsium karbonat, udakara 25-45%, potas <10%, fosfat <1%, lan liyané kaya ta wesi, mangan, tembaga lan logam abot liyané.

Awu wis suwé digunakake dadi rabuk tuwuhan sanajan ora ngandhut nitrogen (N).