Asam Lemak (Inggris: fatty acid, fatty acyls) kalebet asem lemah ingkang ing salebetipun toya bakal kaoksidhasi sapérangan.[1] Padatan asem lemak fasenipun cuwèr utawi padhet ing suhu ruwang (27 °C).[1] Sansaya panjang ranté karbon ingkang nyusun, sansaya gampil mbeku kaliyan ugi sansaya awrat anggènipun ajèr.[1] Asam lemak saged réaksi kaliyan senyawa sanès mbentuk senyawa lipida.[1] Senyawa lipida kasebat asring kapanggih ing selabetipun badan organisme ingkang gadhah gina kusus ing panyusunan sèl organisme.[1] Sawatawis jinis senyawa lipida kasebat antawisipun prostaglandin, wax, trigliserida, gliserofosfolipida, sfingolipida, kaliyan glikofosfolipida.[1]
Asam lemak ugi kalebet ing asem alkanoat utawi asem karboksilat ingkang suhunipun inggil (gadhah ranté karbon langkung saking 6).[1] Asam lemak saged dipunpérang dados kalih, inggih punika asem lemak jenuh kaliyan asem lemak boten jenuh.[1] Asam lemah jenuh namung gadhah roncèn tunggal ing antawisipun atom-atom karbon panyusunipun.[1] Déné asem lemak boten jenuh gadhah paling sekedhik satunggal roncèn rangkep ing antawisipun atom-atom panyusunipun.[1] Kalih jinis roncèn ing asem lemak punika ingkang njalari bèntenipun sipat fisik antawisipun asem lemak satunggal kaliyan sanèsipun.[1]