Aris Aprila (Jakarta, 23 April 1987; yuswa 31 taun) inggih punika satunggaling sutrésna kéwan segawon. Aris punika ugi nggladhi kéwan segawon mligi wonten kaprigelan tartamtu. Aris Aprila punika putra tunggal saking tiyang sepuhipun.[1]
Aris punika lulusan saking sekolah wonten ing SMAN 9 Bandung (2005). Ugi piyambakipun punika kuliyah wonten ing Universitas Padjajaran jurusan Ilmu Komunikasi (2009).
Aris Aprila kathah nglampahi alangan-alangan saking kagiyatan nggladhi kéwan segawon, dipunwiwiti nalika tiyang sepuhipun boten sarujuk kaliyan Aris ingkang badhé ngingah-ingah kéwan segawon. Aris sejatosipun sampun remen kaliyan kéwan segawon punika awit taksih timur. Ananging punika boten dipunsarujuki kaliyan tiyang sepuhipun. Kéwan-kéwan segawon ingah-ingahanipun boten dipunkeparengaken mlebet griya. Namung angsal dipundunungaken wonten plataran griya. Ugi piyambakipun medal saking pakaryanipun lajeng milih nggladhi kéwan segawon, kamangka nalika punika piyambakipun sampun nyambut damel wonten salah satunggaling bank swasta. Jalaran menika tiyang sepuhipun boten nyarujuki menawi Aris gadhah ugi nggladhi kewan segawon. Dangu-dangu tiyang sepuhipun sampun nyarujuki panyuwunanipun Aris menika.
Aris miwiti tékadipun arupi ndamel komunitas sutrésna kewan segawon dipunewangi kanthi ngamèn ugi nggladhi segawon saking griya dhateng griya sanès amargi nalika samanten kekirangan béaya kagem nggladhi segawon. Piyambakipin mbélani ngajokaken krédit kagem tumbas kandhang segawon. Ugi nalika nggladhi segawon punika boten gampil, kedah nguwaosi saha gumatos rumiyin kaliyan kéwan segawon.
Sapunika Aris dados panggladhi kéwan segawon, wonten kaprigelan tartamtu ingkang dhasar kadosta tiarap. Aris punika pangarsa AK9 Dog Training Center wonten tlatah kutha Bandung. AK9 punika satunggalipun institusi kéwan segawon ingkang gadhah standar internasional saking INSARAG. Badan saking PBB ingkang ngasta prakawis-prakawis pawilujengan salebeting bencana alam wonten dunya. Ugi piyambaké taksih miwiti wonten SAR Dog saha sareng kaliyan Jakarta Rescue ngasta babagan korban bencana mligi ingkang taksih sugeng. Unit SAR Dog punika dipundamel sareng kaliyan Zeni Konstruksi TNI Angkatan Darat. Kagiyatan SAR Dog wonten Indonésia punika taksih kalebet awis. Lajeng, Aris punika ugi mbangun komunitas pandarbé kéwan segawon Agility Bandung Group (ABG). Aris sampun mbiyantu madosi korban-korban bencana wonten Palu, Lombok ngantos Nagara Népal. Sapunika gladhènipun sampun kathah ngantos wonten ketangkasan, show, kabetahan nglacak narkotik saha bahan peledhak.
Sadèrèngipun dados panggladhi kéwan segawon, Aris punika nyambut damel wonten satunggaling bank. Ugi naté makarya freelance nalika kuliah.
Sacara jangkepipun punika riwayat pakaryanipun saking Aris Aprila:
Pangaji-pangaji ingkang sampun dipungayuh inggih punika: