Aksara Arab sing kadhangkala ingaran abjad hija'iyah, asal saka aksara Aramaik (saka basa Syria lan Nabatea), ing ngendi abjad Aram ana kamiripan karo abjad Koptik lan Yunani. Katon prabédan panulisan antara Magribi lan Wétan Tengah. Antara liya panulisan aksara qaf lan fa. Ing tlatah Maghribi, aksara qaf lan fa ditulis nganggo titik ing ngisor lan siji titik ing dhuwré.
Aksara Arab | |||||||
ﺍ | ﺏ | ﺕ | ﺙ | ﺝ | ﺡ | ﺥ | |
ﺩ | ﺫ | ﺭ | ﺯ | ﺱ | ﺵ | ﺹ | |
ﺽ | ﻁ | ﻅ | ﻉ | ﻍ | ﻑ | ﻕ | |
ﻙ | ﻝ | ﻡ | ﻥ | هـ | ﻭ | ﻱ | |
Pégon | |||||||
ڎ | ڟ | ڮ | چ | ڠ | ۋ | ۑ | |
Sajarah · Transliterasi Sandhangan · hamzah ء Angka |
Aksra | Pocapan |
---|---|
ا | alif |
ب | ba |
ت | ta |
ث | tsa |
ج | jim |
ح | ḥa |
خ | kho |
د | dal |
ذ | dzal |
ر | ro |
ز | zay |
س | sin |
ش | syin |
ص | ṣod |
ض | ḍod |
ط | ṭo |
ظ | ẓo |
ع | 'ain |
غ | ghoin |
ف | fa |
ق | qof |
ك | kaf |
ل | lam |
م | mim |
ن | nun |
و | wau |
هـ | ha |
لا | lam alif |
ﺀ | hamzah |
ي | ya |
"Arab Umum" utawa "Al-'Arabiyyah Al-'Ammiyah" iku basa Arab sing dianggo ing pacelathon sadina-dina ing tlatah Arab, lan béda banget karo Basa Arab tulisan. Prabédan dhialèk paling utama yaiku antara Afrika Lor (Magribi) lan pérangan wétan Tengah (Hijaz). Faktor sing njalari prabédan dhialèk basa Arab yaiku prabawa substrat (basa sing dipigunakaké sadurungé basa Arab teka). Upamané ing tembung yakūn (tegesé "iku"), ing Irak ingaran aku, ing Palestina fih, lan ing Magribi ingaran kayən.
Pratélan dhialèk utama ing Arab:
Sauntara dhialèk liya yaiku: