Wikimedia Foundation Inc. (WMF) utawa Yeyasan Wikimedia iku sawijining yeyasan ing Florida, Amérika Sarékat sing antarané nduwé proyèk Wikipedia, Wiktionary, Wikiquote, Wikibooks (uga Wikijunior lan Wikiversity), Wikisource, In Memoriam 9/11 [1], Wikimedia Commons, Wikispecies, Wikinews, lan Nupedia (wis ora ana). Yeyasan iki yeyasan tanpabathi miturut ukum Florida, Amérika Sarékat. Yeyasan iki diyasa déning Jimmy Wales ing tanggal 20 Juni, 2003 [2].