novelipun Marga T

Marga Tjoa ingkang miyos ing Jakarta tanggal 27 Januari 1943 utawi ingkang misuwur kanthi nama Marga T. inggih salah satunggaling sastrawan ingkang aktip ngasilaken karya-karyanipun ing Indonésia. Namanipun dados pujangga wiwitan misuwur ing taun 1971 saking cariyosipun, Karmila ingkang salajengipun dipundamel buku saha filem.[1]

Riwayat Pagesanganipun

[besut | besut sumber]

Wiwit alit, Marga T sampun remen nyerat. Karangan-karanganipun ing purwakanipun kapacak wonten ing majalah sekolahipun. Lajeng ing yuswa 21 taun piyambakipun kasil ngasilaken cariyos cekakipun ingkang sapisan kanthi irah-irahan 'Kamar 27, lajeng dipunsusul kaliyan dipunwedalaken bukunipun ingkang sapisan inggih kanthi irah-irahan, Rumahku ya iku Istanaku, satunggaling cariyos kanggé laré-laré ingkang dipuncithak ing taun 1969.[2] Minangka pujangga, Marga T inggih tiyang ingkang remen makarya kanthi tumemen. Saben dintenipun, piyambakipun nelasaken wekdal sekawan ngantos gangsal jam sadinten kanggé ngarang. Novelipun ingkang paling misuwur inggih kanthi irah-irahan “Sekuntum Nozomi” bukunipun ingkang medal kaping tiga ing taun 2004, ingkang nyariosaken tragedi Mèi 1998 ingkang ndadosaken kathah kurban mliginipun tiyang èstri keturunan Tionghoa.[3] Marga punika tiyang ingkang boten remen dipunkenl déning masarakat kathah. Piyambakipun inggih dados dhokter lulusan saking Universitas Trisakti, Jakarta. Awit saking punika, kathah novelipun ingkang nyariyosaken babagan medis.

Asiling Karya

[besut | besut sumber]

Ngantos sapunika, Marga sampun medalaken 128 cariyos cekak kaliyan 67 buku kanggé lare-lare, novèl saha kempalan carkak. Ing ngandhap punika inggih tuladhanipun asiling karya saking Marga T:

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1] Archived 2008-08-03 at the Wayback Machine. Marga T. (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)
  2. [2] Marga T (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)
  3. Sekuntum Nozomi 3 oleh Marga T, Memperingati Sewindu Tragedi Mei 1998 Archived 2013-02-22 at archive.ph Error: unknown archive URL (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)